Rose is love

Mawar identik dengan cinta karena mawar bisa mengungkapkan betapa indahnya cinta, betapa romantisnya cinta.

Wanita

Wanita ibarat kelembutan yang rapuh, namun wanita memiliki kekuatan yang dasyat tak terkira.

Solo

Solo atau Surakarta merupakan kota eks karesidenan di Jawa Tengah. Solo adalah kota yang sangat berkembang tak kalah bersaing dengan kota-kota lain di Indonesia.

Embun Pagi

Embun menetes tiap pagi hari, menyentuh dedaunan, bunga-bunga, dan segala permukaan di bumi. Embun sungguh menyejukkan hati kita, membeningkan pikiran kita.

Kucing

Kucing adalah hewan yang paling menyenangkan. Tingkah polahnya yang lucu bisa menghalau galau dan menggantikannya dengan senyum bahkan tawa.

Showing posts with label bahasa jawa. Show all posts
Showing posts with label bahasa jawa. Show all posts

Monday, August 25, 2014

Katresnanku kuwi ... sliramu!


Katresnanku kuwi ... sliramu!

Luwih seka rong taun olehe aku ngenteni sliramu. Suwe tenan yo? Ananging aku ora kendhat-kendhat olehku ngenteni. Opo wis edan tenan to aku iki? Sing jelas aku kedanan sliramu. Wah! Sopo to sakjane sliramu kuwi sing iso marai aku nandang bronto? Ora biasane aku iso kaya ngene. Ajaib tenan kuwi jenenge. 

Rasa seneng lan susah wis tak alami, sanadyan kabeh kuwi tanpa aku ketemu sliramu. Munggah medhune rasa seneng lan kuciwaku wis tak rasakke. Aku ketemu sliramu yo mung ono ing donya maya, nganti saiki. Sliramu durung sido nemoni aku wingi lan wingine. Aku rapopo .... 

Tak ugemi kabeh sing mbok kandhakake, utamane dek wingenane. Opo yo tenan pangandikanmu kuwi kangmas pepujene ati? Sliramu ngandhakake menowo sliramu bakal nyanding ing sisihku. 

Oh Gusti ingkang handarbeni jagad, mugi Gusti kersa mujudaken menapa ingkang dados angen-angenipun kula lan piyambakipun. Nuwun.

Monday, January 20, 2014

Gandrung Kesumat



Saben weruh sliramu aku mesti kudu ngguyu
Sliramu nganggo klambi sing padha koyo wingine lan wingine
Sliramu ngadeg wae, ora tau lungguh
Nanging esemu ...... muuuuuuach
Sakjane sliramu kuwi sopo yo?
Esuk, awan, sore lan bengi aku tansah kelingan sliramu
Aku ngerti yen sliramu dudu duwekku
Opo yo sliramu arep dadi duwekku?
Wah, pitakon sing angel tak jawab dhewe
Aku ora ngerti
Aku ora arep mikir sing maneka warno
Aku ora wani mikirke bab-bab sing mokal
Ananging kepriye yo?
Sliramu ono ing sakjroning atiku
Suwe ........ wis suwe
Aku nganti golek-golek sopo sing biso ngganteni sliramu  
Nanging durung utowo malah ora ono
Sliramu sing seneng banget manggon ing sakjroning atiku
Kuwi sing marahi sliramu ngerti kabeh kadadeyan lan penggayuhku
Wis ora opo-opo, kabeh mau dudu bab sing wadi
Aku ora duwe bab sing wadi kanggo sliramu, opo wae
Panjalukku, kancanono aku sebab aku kasepen
Kancanono aku sing lagi nandang susah 
Mangertenono aku
Aku ngerti sliramu durung nate lungguh ing sandingku
Sliramu lan aku durung nate mlaku bareng
Sanadyan mangkono, aku ngerti .......
nanging sakjane aku ora ngerti
Ono pitakon-pitakon sing aku ora ngerti bab sliramu lan aku
Ngopo yo? Ngopo?
Sak ngertiku kabeh kadadeyan ing ndonya wis dirancang dening Gusti Panguoso Jagat
Nanging iki jenenge dudu gandrung, percoyo'a
Sepisan meneh iki dudu gandrung
Opo maneh yen diarani gandrung kesumat
O ya dudu to yo

Serat Kagem Sedaya



Sugeng ndalu para sedherek sedaya
Kawulo namung badhe nyobi nyerat kanthi basa Jawi ingkang kawulo mangertosi 

Sampun kathah carios ingkang kawulo serat wonten ing blog Catatan Rose meniko. Upami salaminipun kawulo nyerat, wonten ukara utawi tentembungan ingkang mboten mranani ing penggalih, kawulo nyuwun pangapunten.

Sedaya meniko mboten sanes namung saking blakanipun anggenipun kawulo matur utawi nyerat.
Njih kados pundi malih, kahanan batos kawulo ingkang taksih kados mekaten meniko

Dumateng ibu morosepah, mbak, adik, mas lan panjenengan sedaya kawulo nyuwun agunging pangaksami

Mboten kesupen kawulo ugi nyuwun agunging pangaksami saking Gusti ingkang handarbeni jagad

Kawulo nyenyuwun dumateng Gusti supados kito sedaya pinaringan berkah pangestu, kasarasan lan lancaring menapa kemawon ingkang kito upayakaken

Cekap semanten kemawon atur kawulo
Menawi wonten kalepatan anggenipun kawulo matur, kawulo nyuwun pangapunten

Nuwun